Iki sing dadi tandane zaman kolobendu
Lindu ping pitu sedino, Lemah bengkah, Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara, Pagebluk rupo-rupo, Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati
Zaman kalabendu iku wiwit yen,
Wis ana kreto mlaku tampo jaran, Tanah jawa kalungan wesi, Prau mlaku ing nduwur awang-awang, Kali ilang kedunge, Pasar ilang kumandange, Wong nemoni wolak-walik ing zaman, Jaran doyan sambel, Wong wadon menganggo lanang
Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya,
nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya.
Mulane akeh bapak lali anak, Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak, Sedulur pada cidro cinidro, Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane, Akeh wong lanang ora duwe bojo, Akeh wong, wadon ora setia karo bojone, Akeh ibu pada ngedol anake, Akeh wong wadon ngedol awakke, Akeh wong ijol bojo, Akeh udan salah mongso, Akeh prawan tuwo, Akeh rondo ngalairake anak, Akeh jabang bayi nggoleki bapake, Wong wadon ngalamar wong lanang, Wong lanang ngasorake, drajate dewe, Akeh bocah kowar, Rondo murah regane, Rondo ajine mung sak sen loro, Prawan rong sen loro, Dudo pincang payu sangang wong
Zamane zaman edan
Wong wadon nunggang jaran, Wong lanang lungguh plengki, Wong bener tenger-tenger, Wong salah bungah-bungah, Wong apik ditapik-tampik, Wong bejat munggah pangkat, Akeh ndandhang diunekake kuntul, Wong salah dianggap bener, Wong lugu kebelenggu, Wong mulyo dikunjara, Sing culika mulya, sing jujur kojur, Para laku dagang akeh sing keplanggrang, Wong main akeh sing ndadi, Linak lijo linggo lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali konco, Duwit lan kringet mug dadi wolak-walik kertu, Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak, Ning mulih main kantonge kempes, Krugu bojo lan anak nangis ora di rewes
Abote koyo ngopo sa bisa-bisane aja nganti wong kelut,keliring zaman kalabendu iku.
Amargo zaman iku bakal sirno lan gantine joiku zaman ratu adil, zaman
kamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak ing
zaman Entenana zamanne kamulyan zamaning ratu adil
st. of darkness said
mm…….bening buanget
i like dark……….arggggggh!
makara said
assalamuallaikum Wr. Wb

koq ngga’ bisa di download regwork v1.3.4 na mas…
kalo bisa tolong kirimin ke e – mail aq ya…
thanks sebelum na
assalamuallaikum Wr. Wb
abumie said
sory… waktu upload broken link, nih aku upload lagi dengan nama setup.exe diatas regwork dibox hitam samping kiri.
geto said
mneu run ko tetep g ada yach??
thkx
geto said
sorry, dah bsa
Thnqu
abumie said
coba download artikel registter windows disana penjelasan lebih lengkap
IPras » Mengembalikan Run, Search pada start Menu said
[...] untuk lebih jelasnya klik [...]